↓ Archives ↓

(Paku Buana V)

“CENTHINI”

Jatha wisura anuli,
Sang Brangta lampahnya alon,
ngambah jurang sengkan siluk-siluk,
jurang yen atrebis,
marga rumpil arampal,
apan arang kambah janma.

Marga kapit ing cecuri,
yen wong kang tan sedya layon,
mangsa wania ngambah ingriku,
yen wong misih mikir,
enak lawan kepenak,
mangsa ta silih ngimpia.

Liwat marga kang asungil,
mbok ngalih liyane kana,
mangsa kuranga liyanipun,
margi ingkang radin,
ingkang tau den ambah,
ing manungsa apan katah.

Ing yekti dapur ngulati,
Sang brangta marga kang ewuh,
ingkang nora kambah ing wong langkung,
jatha wau nuli,
anenggel minggah arga,
nuju asar wayahira.

Jatha neng nginggil ningali,
Kidul Wetan Ler lan Kilen,
nglimut pan anglamat dusun-dusun
tan awas ingaksi,
miwah kang ardi kathah,
pan samya elet jejurang.

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...

Centhini

Centhini

No Comment

Be the first to respond!

Leave a Reply